Senin, 22 April 2019

Jarak Plosoklaten (Allawnism X Cak Obek) Prod Vintageman

Jarak Desa ku

Prod By : Vintageman Produkcja
"Haunted" 90s Old School Boom Bap Beat Hip Hop Instrumental

https://www.youtube.com/watch?v=JIC9NDIWSbw
Lyric & Vocal : Allawnism & Cak Obek

#Verse I #Allawnism
Iki deso ku, deso njarak plosoklaten, aku lair ndek kene ugo akeh pesantren
Panji kediri neng tanah ibu pertiwi, ayok ngabdi bareng kanti seneng lan anteng
masio uwong ndeso aku ndue karep mulyo, nak sore makaryo, bengi nggawe adikaryo
isuk awan sekolah suk mben gede kuliah, kerja yo eling wayah kanggo sangu ngibadah
Wong tuo isuk mruput podo budal nyang sawah, ben urip barokah budal kanti bismillah
macul ngariti suket, adus kringet, sego liwet dipangan neng sawah enake bleketaket
golek dalan rejeki akeh tur werno-werno, rabi ne ping limo isone mung maido
sing di golek mung bondo, ning ora gelem soro, surodiro diningrat lebur dening pangastuti

Reff :
Hong wilaheng jati, nughoni tanah pertiwi. neng kerto kediri, ojo mung nggegarahi
ayo mawas diri, kudu eling semedi. yo ditirakati yo karo riadhoi

#Verse II #Cak Obek
Yo menungso urip namung sa,dermo, sa,dermo nglampaih, onok cubo lan loro
rekoso golek pangan sandang papan seduluran, saiki kamanungsan mung dadi pencitraan
akeh podo ngoceh namung duduk amal sholeh, amergo lambene bedo karo atine
jajal saiki padakno pengucapmu karo atimu ugo tumindakmu ugo tingkah batin mu
Sinau bareng-bareng, nganti tuwo mati bareng, kerjo nganti peteng ojo lali ganjel weteng
wong tuo neng ndeso mung pengen anake mulyo, nyadong maring kuoso yo dibarengi puoso
awak gering tinting tapi kudu tetep eling, mung dadi paweling ojo senenge geting
mung iso mbayangke kabeh podo urip sugeh, yow podo sugih ati ugo sugih bondo dunyo

Reff :
Hong wilaheng jati, nughoni tanah pertiwi. neng kerto kediri, ojo mung nggegarahi
ayo mawas diri, kudu eling semedi. yo ditirakati yo karo riadhoi

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar