Selasa, 02 April 2019

Cilikane Nyong (Allawnism X Solxce)


Prod by : Solxce
Publikasi : Fat Cat Beats
Lyric & Vocal : Allawnism

Intro :
wong ra usah sombong ja seneng  nyadong
ja gelem nyolong  men atine plong 2x

#Vers 1
nyong bocah ngapak omongane kepenak
enyong bocah gembol pas cilik sering ngompol
turune nang langgar nek wengi koar koar
nyolong budin mentah mbakare karo runtah

wong tuane enyong ambendina nang sawah
bisa madang ngaji wes senenge ra lumrah
pengin munggah kaji go nggenepi ngibadah
mugo kelaksanan men ati tambah bungah

sangune pas²an sing penting bisa sekolah
ora tau nunggak ngantek tekan kuliah
umur selawe tahun asih senenge kojah
ndopok ngalor ngidul wis ora eling wayah

panganane mendon digeneni nang pawon
ra ndue kewalon tapi akeh dulur wadon
isuk tahu brontak ngomonge sing kpenak
ra usah kemlitak mbok diantem dilarak

Reff
wong ra usah sombong ja seneng  nyadong
ja gelem nyolong  men atine plong 2x

#vers II
satusseket perak mangkate njingkrak²
gurune sing ladak yo kadang nyentak²
ora tau nunggak sore dolanan grobak
nyong suarane serak tapi jerene nggetak

kadang ya kisinan kadang² nangisan
sangune pas²an sekolah nang mbabakan
tekane ciwekan mangkat bali aleman
mlaku tuk perengan nganti taun²an

tukune es lilin karo tuku mie sada
kadang jarang salin senenge tempe wuda
ora doyan terong ra seneng jangan oyong
aja seneng ndomblong mbok dipangani grandong

emte ess sirau kon mondok malah mlayu
senengane turu karo dolanan kiyu
sregep kur nek metu nang sawah golet yuyu
yayu yoyo yuyu wis ngerti wedang ciyu

Reff
wong ra usah sombong ja seneng  nyadong
ja gelem nyolong  men atine plong 2x

#Vers III
sore wengi ngaji jere dadi kiyai
puasa senen kemis nglakoni quran hadis
sembayange khusu aja seneng kesusu
donga ngawan wengi men dadi wong singerti

angel nggolet duit mbawon nguli karo ngarit
mangkat malaisia men ulih duit ringgit
ngeden meres kringet ramban nggoleti suket
awak nganti pliket bojo men bisa liwet

adoh kanca batir kelingan dolanan dir
bada mesti plesir nang segara pesisir
bada mesti takbir kadang dolanan sentir
wis ra tau mikir kaya mabok banyu bir

urip kur sepisan aja mung rasan-rasan
yo eling seduluran ja seneng wadan-wadan
aja gembelengan omongane sing sopan
mbok diwales pengeran bakal kelaran-laran

Reff
wong ra usah sombong ja seneng  nyadong
ja gelem nyolong  men atine plong 2x

#hiphopedewek #enyoghiphop #enyongiphopengapak #ngapakrapper #enyongrapper #hiphopngapak #hiphopjawa #hiphoplokal #hiphopcilacap #hiphopkroya #rapperkroya #rappercilacap #rapperpucunglor #rappergembol 

MUSIC CREDIT - SOLXCE YT https://www.youtube.com/MusicGamerManiac buy / lease https://solxcebeats.beatstars.com/ IG Solxce.musik.official email cobbinah.ben75@yahoo.com SC https://soundcloud.com/lonewolf-20 TW https://twitter.com/skdgamingOff SNAPCHAT Soladven22 BC https://solmusic6.bandcamp.com/ LINK BACK TO OUR CHANNEL http://www.youtube.com/c/FatCatBeats CONNECT WITH FCB Subscribe https://goo.gl/hXLCgx submit music 1fatcatworld@gmail.com Facebook https://goo.gl/0V5g9k IG https://instagram.com/fatcatbeats SC https://soundcloud.com/fat-cat-beats TW https://twitter.com/cat_beats

2 komentar: